Tuesday, December 7, 2010

Geguritan

SEJATINE

Duh Gusti…
Sejatine sewu rasa campur
Nalika eling laku uripku kang kepungkur
Kakehan mburu donya,rejeki uga bumi
Kakehan nyawang “kembang-kembang” kang gampang ilang
Kakehan polah tingkah kang marakake bubrah
Aku kebak dosa

Duh Gusti…
Sejatine,sak undhaking umur
Swaraning jiwa nyendal raga
Sejatine,sak undhaking umur
Sumebar pitutur-pitutur
Sejatine,aku lan sakabehe bakal dikubur

Duh Gusti…
Kulo tansah ndedonga
Mugi kaparingan lubering eling
Mugu kaparingan pepadhang njingglang
Yaiku pepadhang sejati
Saking Gusti

by "my Brother’s SWS"

No comments:

Post a Comment

Anak

Married is an adventure Anak adalah hak Allah Seperti jodoh pasangan yg kita nanti tibanya Setelahnya kita meminta Allah memberi buah cin...